SELAMAT DATANG KEMBALI

Selamat Membaca....
Semoga blog ini dapat bermanfaat...
Jangan Lupa di comment yeaa...OK

Rabu, 04 Desember 2013

Langit Senja: Drama ACTIVE

Langit Senja: Drama ACTIVE: Judul : “ Tresna Asih ”   Anggota : 1. Aldi Gunawan (03/XII IPA 5) sebagai Pak Mardi 2. Annisa Diyan Meitasari (04/XII IPA 5) ...

Puisi Cinta



Satu Kaki
(Tiwi Numrapi/32/XII IPA 5)

Kau raja dalam singgasana hatiku
Meski kau tak pernah tahu
Jika hati ini selalu merindu
            Kau air dalam kehidupan
            Yang kan obati kerinduan
Pernah kau isyaratkan cinta
Dalam tangga nada, juga
Kau lukiskan kasih
Dalam kanvas merah muda
            Maski kau dan aku mengerti
            Tapi aku akan tetap berdiri
Walau hanya satu kaki

Puisi



Senja di Taman
(Tiwi Numrapi/32/XII IPA 5)

Mentari kian meredup
Langit jingga mulai nampak
Ku masih terduduk sepi
Di bangku taman ini
                        Terlihat kupu-kupu sepasang
                        Berkejaran suka ria
                        Di taman yang mulai kering
                        Tampaknya mereka bahagia
Tak berkedip mata ini memandang
Seolah nafaspun terhenti sejenak
Ahh….
“ Tak lama lagi musim berganti “
                        Semilir angin berlalu
                        Debu-debu melekat pada tubuhku
Di taman ini ku mengenang
Tatkala musim hujan datang

Senin, 25 November 2013

Drama ACTIVE

Judul : “ Tresna Asih ” 
Anggota :
1. Aldi Gunawan (03/XII IPA 5) sebagai Pak Mardi
2. Annisa Diyan Meitasari (04/XII IPA 5) sebagai Parti
3. Astuti Yuniati (08/XII IPA 5) sebagai Asih
4. Hendra Wahyu Pratama (16/XII IPA 5) sebagai Tejo
5. Prasetyo Aji Nugroho (23/XII IPA 5) sebagai Bambang
6. Tiwi Numrapi (32/XII IPA 5) sebagai Bu Minah
7. Utami Pangestu (35/XII IPA 5) sebagai Bu Santi
Inilah kami saat ngeksis di taman SMANSA--"
Ing sawijining dina,ana ing desa Sukamaju ana bocah kang jenenge Tejo, bocah iki mau ndugal banget, senengane mung ngombe-ngombenan ngentekne duite simboke, ora duwe gawean lan dina – dina mung mblayang wae.
Bu Minah        : (nyapu-nyapu ana latar)
Tejo                 : (teka karo nendang – nendang sampah) “ Mbok ! aku njaluk duit, duitku wingi kae wes entek “
Bu Minah        : (ngelus dhadha) “ Owalah lee lee...mbokke ki gaweane mung kaya ngene. Kowe ki cah gedhe barang ora gek golek gawean. Mbokke wes ora duwe duit tenan le..”
Tejo                 : “ Ora urusan !, pokokke saiki aku njaluk duit”.
Bu Minah        : “ elingo pesenne bapakmu mbiyen to le, kowe dadi cah lanang kudu duwe tanggung jawab karo keluarga, aja gur mblayang wae”.
Tejo                 : (mlebu omah karo muring-muring) “Mbuh mbok mbok, jalukki duit kok uthille eram”.
Bu Minah        : (lungguh neng ngarep omah) “ Owalah bapak..bapak..kok kowe lunga cepet banget, aku wes ra kuat ngadhepi Tejo, saya suwe ora saya manut malah saya ngeyel”.

Sawise Tejo mlebu ngomah, banjur mlebu menyang kamar, njipuk HP dinggo nelfon pacare. Pacare Tejo jenenge Asih, anakke lurah desa Sukamaju.
Tejo                 : “ Hallo Asih...lagi ngopo kowe? Karo sopo? Wes ma’em rung? Kangen ra ro mas Tejo ?”
Asih                 : “Ealah jan tenan og mas Tejo i, yen nelfon ki mbok yo nggowo salam sek, ora ujug – ujug langsung teka ngendi-ngendi”.
Tejo                 : “ Iyo..oke neknu baleni,,Assalamu’alaykum warrahmatullahi wabarakatuh Asih “.
Asih                 : “ Nah, ngono lho mas, Wa’alaykum salam warrahmatullahi wabarakatuh mas.., dengaren kok nelfon mas, ana apa?”
Tejo                 : “ orapopopo kok, aku mung kangen “
Ngerti ngerti telfonne mati dhewe.
Asih                 : “ Hah,,kok telfonne mati dhewe to..hmmmt jan tenan og mas Tejo i”
Tejo                 : “Haduh,,pulsaku entek cah,,”
Esukke, Tejo nongkrong ana bok sing biasane dinggo kumpul-kumpul karo kanca-kancane, ora let suwe, Parti kancane Tejo teko.
Tejo                 : (nongkrong ana bok karo gitaran) “ He Parti ! reneo sek..cepet !”
Parti                 : (mara karo markirke pit) “ ana apa jo? Kok sajakke ana sing perlu penting banget”
Tejo                 : “ Kowe duwe duit ra? Yen duwe ayo tuku ciu wae, duitku wingi wes entek taknggo tuku ciu 2 botol “.
Parti                 : “ duitku gari 20 ewu ki”.
Tejo                 : “ Heleh, duit semono ki gek etuk opo”.
Parti                 : “ Ayo nyane Yanto wae, sopo ngerti Yanto jek duwe ciu”.
Tejo                 : “ Yowis ayo..aku nggonceng yo”.
Ana ing omahe Asih, bapak ibune ngakon supaya Asih ndang golek yang, soale umure wes ora enom maneh.
Bu Santi          : “  Nduk nduk Asih reneo sek nduk lingguh kene !”
Asih                 : “  Wonten napa buk, pak?”
Pak Mardi       : “ Kowe ki rak wes ora enom to nduk, mbok yo gek ndang golek calon kono”.
Asih                 : “ Kula nggih sampun pados kok buk, pak..”
Bu Santi          : “ Sopo nduk? Tejo ? Tejo anakke Minah sing dodol pecel kae?lah lah nduk nduk... opo ora ana liane to?”
Pak Mardi       : “ Tejo sing gaweane mung nongkrong ora cetha kae? Wes mbok golek liane wae to nduk, wong kaya ngono kae masa depanne ora nggenah”.
Asih                 : “ lha pripun melih buk, kula sampun kebacut tresna sanget pak buk kalih mas Tejo”.
Pak Mardi       : Kowe ki melek o to nduk, disawang tenan- tenan, opo to apikke Tejo wes gaweane ora cetha, bagus we yo ora”.
Bu Santi          : “ Opo ra luwih apik kowe karo Bambang wae to nduk, anakke dokter Cokro kae lho, wes bocahe bagus, gaweane ya cetha”
Asih                 : “ Mboten purun pak, buk...kula tresnane mung kalih mas Tejo..mboten wonten liane “.
Pak Mardi       : “ Ya pikir-pikiren maneh sek nduk..aja nganti kowe salah milih”
Asih                 : ‘ Inggih pak..buk..maturnuwun sanget”.
Esukke Tejo bali nongkrong ana bok, dikancani Parti, cah 2 kuwi mau gitaran karo nyanyi-nyanyi ora cetha. Sawise nyanyi – nyanyi, bocah 2 kuwi mau banjur ngombe ciu ana pinggir bok. Pas pak Mardi lewat ana kono, Tejo ora nyadar yen sing dijak omongan kuwi pak Mardi, bapakke Asih.
Tejo                 : ( karo ngombe-ngombe) “ Wahh,,,iki enak tenan iki, rasane kaya fly fly ngono kae..”
Parti                 : “ hok’o,,enak tenan iki,,mak nyusss”
Pak Mardi       : (teka langsung marani) “ Heee kowe do ngopo neng kene? Cah jek enom enom kok ora kerja malah omben-omben wae, gek sesuk arep dadi opo?”
Tejo & Parti     : ( malah cekikikan dhewe, ngguya – ngguyu banter, ora nggagas sing diomongne pak Mardi “
Amarga pak Mardi selak mimpin rapat ana kelurahan, pak Mardi banjur lunga, ora let suwe Tejo bali menyang ngomahe karo mlaku sempoyongan amarga bar omben-omben.
Bu Minah        : (kaget) “ Masya Alloh le le... kowe mau bar ngopo?, kok ambune kaya ngene...kowe bar ngombe to ?”
Tejo                 : “ Aaaah mbuh mbok mbok, aku luwe mbok, lawuhe opo?” ( banjur mlebu menyang gandhok)
Bu Minah        : “ Simbok durung masak le..”
Tejo                 : ( nesu – nesu, apa apa dibanting )” kowe ki gek piye to mbok, anakke luwe barang kok malah ora masak “.
Bu Minah        : “ Masya Alloh le..le..., sing arep dinggo lawuh ki opo?, simbok wes ora nduwe duit maneh lee..”
Tejo                 : Mbuh mbok- mbok..!”(mlebu kamar)
Dina esukke, Asih dolan menyang omahe Tejo.
Bu Minah        : (lagi nyepakke dodolan pecelle)
Asih                 : “ Assalamu’alaykum, kula nuwun  buk...”
Bu Minah        : “ Wa’alaykumsalam, eh nduk Asih to, gek rene nduk, mlebu sek..”
Asih                 : “ Inggih buk,,maturnuwun sanget,,,”(karo mlebu ngomah)
Bu Minah        : “ Ana perlu opo nduk kok esuk – esuk kok wes dolan rene”.
Asih                 : “ Sakderenge nyuwun pangapunten nggih buk, mas Tejo wonten buk?’
Ngerti-ngerti Teja metu saka kamare, banjur kaget weruh Asih wes tekan ngomahe
Tejo                 : “ heh Asih,,,kok kowe ra ngomong yen arep rene? Mbook! Asih iki gek digawekne wedhang kono,,Cepet !!”
Bu Minah        : “ Iya lee..., nduk simbok neng mburi sek yo,,dipenakke sek “
Asih                 : “ Inggih bu,,maturnuwun sanget nggih bu”
Tejo                 : “ Btw, iki ana apa, kok esuk – esuk wes rene ?”
Asih                 : “ Ngene lho mas, bapak ibukku ki ngakon aku kon golek calon bojo, aku bingung, aku tresnane mung karo mas Tejo, nanging....”
Tejo                 : “ Nanging ngopo?”
Asih                 : “ Wong tuwaku ora setuju mas, malah aku dikon pacaran karo mas Bambang anakke dokter Cokro sing omahe pojokkan kae”.
Tejo                 : “ Ora isoh !, pokokke ora oleh, kowe ki olehe pacaran mung karo aku, ora karo Bambang”.
Ngerti-ngerti Bu Santi karo Pak Mardi teka neng omahe Tejo karo muring-muring, terus ngajak Asih mulih
Bu Santi          : “ Asih..kowe ngopo neng kene ki, Ayo mulih rasah cedhak – cedhak Tejo, wong ora cetha kok mbok cedhakki”
Pak Mardi       : “ Rungokno buk mu kuwi !, wingi aku ketemu Tejo ngombe-ngombe neng bok pinggir desa kae, gek bocah koyo ngono kuwi arep dadi opo?”
Asih                 : “ Kula tresna pak,,buk,,kaliyan mas Tejo “
Bu Santi          : “ Tresna tresna !...wes ayo mulih wae!”( karo nggeret tanganne Asih )
Bu Minah        : (teka teka langsung bingung) “ niki enten napa pak Lurah?”
Pak Mardi       : “ anakmu kuwi lho..urusana, rasah cedhak – cedhak karo Asih, wes ayo bali!”
Pak Mardi, Bu Santi lan Asih banjur bali
Bu Minah        : “ lho lee...simbok rak wes tau ngomong to, kowe ki golekko gawean, aja mung mblayang wae “
Tejo                 :  “ Mbuh mbok mbok ! mumet aku !, arep turu sek “
Dina minggu esuk, Bambang dolan menyang omahe Asih, ngajak Asih dolan.
Bambang         : “ Assalamu’alaykum, kula nuwun...”
Bu Santi          : “ Wa’alaykumsalam “ (mbukak lawang) “ Ealah...thole Bambang to,,rene rene gek lungguh kono sek,,dipenakke sek yo le,,tak njeluk Asih sek “
Bambang         : “ Inggih buk..”
Bu Santi          : ( ndodoki kamare Asih) “Asih...kae lho Bambang neng njobo, ditemoni sek kono”
Asih                 : “ Inggih buk “ (mbukak lawang )
Bu Santi          : “ Yowis gek kono ditemoni sek “
Asih                 : “Inggih” (rodok mrengut)
Asih                 : “Enten perlu napa mas Bambang?”
Bambang         : “ Eh, kowe lagi selo opo orag? Ayo dolan neng Solo !”
Asih                 : “ Hmmtt...pripun nggih,,”
Bu Santi          : “ Asih selo kok, wes gek mangkat kono, ati – ati kono, thole Bambang titip Asih yo “
Bambang         : “ Beres buk “
Asih                 : (karo ngulatne ibune ) “ Ibuk kok ngoten to buk?”
Bu Santi          : “ halah mbok wes gek mangkat kono!”
Bambang         : “ Inggih mpun buk..budal rumiyin nggih..”
Bu Santi          : “ Ya gek kono ati ati “

Sawise mubeng-mubeng Solo, Bambang karo Asih mandheg ing taman.
Bambang         : “Sih, aku arep ngomong karo kowe.”
Asih                 : “ Mangga Mas. Mboten sah takon.”
Bambang         : “Sejatine aku tresna karo kowe kat mbiyen, nanging kowe ora tau ngrespon. Ana apa ?”
Asih                 : “ Mboten mas. Aku ora tresna karo kowe. Aku wis bacut tresna karo mas Tejo.”
Bambang         : “Apa untunge tresna karo Tejo. Wong lanang kaya ngono kok ditersnani.”
Asih                 : “Sing ngrasakne atiku Mas.”
Bambang         : “Lha kowe apa ora mikir suk mben. Tejo kuwi ora nduwe pakaryan.Uripmu bakal sengsara nek karo Tejo.”
Asih                 : “InsyaAllah, mboten kok Mas. Ati kula sampun manteb.” (ra dinyana, handphonene Asih muni)
Tejo                 : “Lagi ana ngendi Sih ?”
Asih                 : “Ehm, aku lagi (kepedhot omongane karo Bambang)
Bambang         : “Telpon saka sapa Sih ?”
Tejo                 : “Kok ana suara wong lanang sopo ? Kowe lagi karo sopo ?”
Asih                 : “Aku, aku ora karo sopo-sopo Mas.”
Tejo                 : “Wis ngaku wae, saiki kowe ana ngendi ?”
Asih                 : “Aku ana ngomah Mas.”
Tejo                 : “Ngomah ? Aku lewat sepi kok ngomong ana ngomah ? Jujur wae.”(nada nesu)
Asih                 : “Aku jujur Mas, tapi aja menyang ngomah Mas, bapak kaliyan ibu mengko duka.”
Tejo                 : “Yowis, tak tunggu nag cedhak omahmu saiki.”
Asih                 : “Iyo mas. Tunggu setengah jam ya.”
Tejo                 : “Yowis gek ndang.Assalamu’alaikum”
Asih                 : “Wa’alaikumsalam. (hapene dipateni) Mas Bambang, ayo gek mulih.”
Bambang         : “Lha kena ngapa ?”
Asih                 : “Wis pokoke ayo gek balik. Bapak ibu wis nunggu.”
Bambang         : “Iya, ayo.” (nguripne motor banjur mulih)
Ana ngomah, Bu Santi lagi nyapu omah. Kaget ngerti Bambang karo Asih wis bali.
Bu Santi          : “Eh, isih jam 10 kok wis balik Nduk.”
Asih                 : “Nggih Bu. Mas Bambang sampun seneng kok. Nyuwun gek bali.”
Bu Santi          : “Apa bener mangkono Mbang ?”
Bambang         : “Ehm, mboten Bu.”
Asih                 : (Ngidak sikile Bambang) “Hahaha. Mas Bambang iki dagelan tho.”
Bambang         : “Ehm, nggih Bu. (mikir sajak bingung)
Asih                 : “Nggih mpun Bu. Kala wau Parti ngajak kumpul pemudi menyang omahe. Kula pamit rumiyen.” (salaman kaliyan ibune)
Bu Santi          : “Lha kok malah ditinggal mangkono tho Nduk ?”
Asih                 : “Sampun ditengga Bu.”(mlayu ninggalke Bambang kaliyan Bu Santi)
Bambang         : “Bu, kala wau jane Asih ingkang ngajak mantuk.”
Bu Santi          : “Lha kena ngapa kok ngajak mulih ?”
Bambang         : “Krungu wau Tejo nelpon Bu. Ngajak ketemu.”
Bu Santi          : (kaget) “ Apa iya le ? Wis saiki ngajak bapak. Aku ora setuju nek putriku ketemu karo wong lanang ora becik kae.”
Banjur mlebu omah nemoni Pak Mardi lan ngomong sejatine kelakuane putrine.
Bu Santi          : “Pak, anakmu kui lho kok susah diatur.”
Pak Mardi       : “Ana apa tho Bu. Saben dina kok gur nyebut wae.” (nyelehne koran sing diwaca)
Bambang         : “Nggih Pak, iki Asih lagi ketemu karo Tejo.”
Pak Mardi       : “Ayo saiki. Gawa anak wadonmu bali. Ora kenging ketemu karo bocah kae. Bapak ora setuju.”
Bambang, Pak Mardi kaliyan Bu Santi banjur marani Tejo lan Asih sing lagi ketemu.
Bambang         : “Asih.”
Asih                 : “Bapak, Ibu, Mas Bambang.”
Pak Mardi       : “Kowe wani ketemu karo bocah kuwi maneh. Saiki bali. Bapak ora setuju kowe karo bocah kui.”
Bu Santi          : “Ayo, Nduk.”(nglarak tangane Asih ngajak bali)
Asih                 : “Pak, Bu.”(nangis)
Pak Mardi       : “Wis pokoke saiki bali.” (ngiring Asih bali)
Bambang         : “Kowe kui ora pantes nggo Asih.”
Tejo                 : “Apa kowe ya ngarasa pantes ? Kowe ora enek apa-apane dibandingne aku.”
Pak Mardi       : “Nak Bambang ayo.”
Bambang         : “Nggih Pak. (nyedhaki Tejo) Aja pisan-pisan nyedhaki Asih maneh. Kae wis dadi tunanganku.
Sawise kedadeyan kuwi, Tejo mikir piye carane Bapak lan Ibune Asih bisa nampa dhewekne. Tejo ameh nyolong sepedha motor. Tejo banjur menyang pasar golek sasaran. Ananging Tejo malah dikepruki wong sekitar pasar amarga kapergok. Banjur Tejo digawa mulih menyang omahe.
Bu Minah        : “Ya Allah, Le. Kowe kena ngapa.”(mlayu marani anake)
Tejo                 : “Ora mbok. Aku dikepruki wong pasar.”
Bu Minah        : “Ayo gek mlebu sek.”(ngajak Tejo mlebu ngomah banjur jupuk obat P3K)
Kowe bar ngopo tho Le ?”
Tejo                   : “Ora mbok. Dhasar wong pasar kae wae sing kurang gaweyan.”
Bu Minah          : “Kurang gaweyan piye karepmu ?”(ngobati lukane Tejo)
Tejo                   : “Yo pokoke ngono kae.”
Parti                   : (Mlayu-mlayu mlebu omahe Tejo) “ eh, Jo jare kowe digebuki wong sekampung goro-goro ameh nyolong motor tho ?”
Tejo                   : “Ssst. . . Ojo ngomong.”
Bu Minah          : “Apa ya tenan mangkono le ?”
Tejo                   : “Ehm, ora mbok.”(karo ndungkluk)
Bu Minah          : “Ojo ngapusi simbok Le. Simbok wis ngerti.”
Tejo                   : “Kowe kok ngeyel tho Mbok. Dikandhani ora yo ora.” (njorokake simboke)
Bu Minah          : “Ya Allah Le, aku iki simbokmu. Tega men kowe kaya ngono karo aku sing nglairne kowe ?”(nangis)
Sabanjure kuwi Bu Minah kena ora sadar. Tejo lajeng bengok-bengok.
Tejo                   : “Simbok. Simboooook. Kena ngapa ?”
Parti                   : “Wis ayo saiki digawa menyang rumah sakit.”
Banjur Bu Minah digawa menyang rumah sakit. Asih krungu kabar langsung mlayu nututi menyang rumah sakit.
Asih                   : “Ana apa Mas ?”
Tejo                   : “Simbok Sih. Simboke ngerti-ngerti semaput.”
Asih                   : “Lha kena ngapa Mas ? Critaa. ”
Tejo                   : “Aku mau ameh nyolong sepedha motor.” (kepedhot karo Asih)
Asih                   : “Astagfirullah Mas. Nduwe niatan apa sampe nglakoni kaya ngono ?”
Tejo                   : “Aku gur pengen bapak ibumu percaya Sih. Aku ora pengen pisah karo kowe.”
Asih                   : “Nanging sejatine ora koyo mangkono carane Mas. Bapak nyuwune kelakuanmu sing sae, nduwe pakaryan, bekti marang wong tuwa Mas.”
Tejo                   : “Lha aku kurang piye tho Sih. Apa aku durung menuhi syarat kui mau.”
Asih                   : “Durung Mas. Yen kowe isoh, aku bakal seneng, simbok bakal seneng, bapak ibuku yo bakal nampa kowe mas.”
Tejo                   : “Yo bakal tak tunjukne marang sliramu nek aku isoh nepati janjiku”
Tejo banjur golek pakaryan lan saiki bekti marang wong tuwane. Tejo malih ora omben-ombenan maneh. Tejo dadi nduweni akhlak sing andhap asor. Amarga iku wong tuane Asih mangestoni yen Asih rabi karo Tejo.
Tejo                   : “Pak, Bu. Kula ajeng nglamar Asih, Kula sampun kapok, mboten mbeling melih. Saestu Pak, Bu. Kula tresna sanget kaliyan Asih”
Pak Mardi         :  “Opo sing mbok omongke iku bener tha le? Tak gondeli janjimu, lho !”
Tejo                   : “Nggih, Pak. Leres sanget. Kula janji mboten mblenjani”
Bu Santi            : “Yo wis tha, Pak.  Yen Asih yo wis kadung tresna, arep di kapakke maneh. Mengko malah dadine ora apik”
Asih                   : “Inggih Pak, Bu. Kula nggeh tresna kaliyan Mas Tejo. Kula nyuwun pangestunipun panjenengan.”
Bu Santi            : “Nek Ibu, yo sekarep karo kowe ndhuk. Nanging Bapakmu sing isoh mutuske”
( Kabeh padha meneng )
Pak Mardi         : “ Gandheng kowe wis ora koyo mbiyen, ora seneng omben lan Asih yo wis kaladhuk tresna, kapan kowe arep nglamar anakku?”
Tejo                   : “Matur Suwun Pak. Minggu ngajeng Pak, manawi mboten wonten alangan.” ( Bungah )
Pak Mardi         : “Opo kowe wis mantep madhep minggu ngarep kie?”
Tejo                   : “Insya Allah sampun mantep, Pak.”
Asih                   : “ Matur Suwun Pak, Bu.” ( Bungah, Ngrangkul Ibune )
Bu Santi            : “Iyo ndhuk, muga wae minggu ngarep ora ono alangan” (Ngelus sirahe Asih)
Tejo                   : “ Nggih mpun. Kula mantuk rumiyin. Matur Suwun nggeh Pak, Bu.” 
 ( salaman karo Pak Mardi lan Bu Santi )
“ Aku tak mantuk sek yo Sih.” ( madep Asih )
Asih                   : “Ngati-ati yo mas. Salam kanggo Ibumu” ( Mesem )
Tejo                   : “ Iyo, Dhek.” ( Mesem )
Tejo bali mulih menyang omahe.

***